Assalamualaikum
Wr.Wb.
Katur poro pepunden pinisepuh soho
sesepuh ingkang tuhu kinabekten. Dhumateng poro alim poro ulama poro kyai ingkang pantes kapiji pinongko
pangarsaning agami.
Mliginipun dhumateng almukarom Ibu Nyai
Saripah ingkang mijil saking Banyubiru ingkang kito tenggo Makhido
khasanahipun.
Dhumateng bpk. Kepala Desa Barukan Bpk
H.Muhnadzir soho abdi cundokonipun ingkang pinangka pengendalining ing laladan
desa Barukan ingkang winantu sakung pakurmatan.
Dhumateng poro pinarak kakung soho putri
ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Langkung rumiyin sumonggo kita tansah
munjuaken raos pujo miwah puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang
sampun pareng pinten pinten kanikmatan soho karohmatan dhumatheng kito sedoyo
khususipun nikmat iman lan islam katitik wonten ing kalodangan siang meniko
kito saget angrawuhi majelis taklim meniko .
Sholawat ugi salam tansah kunjuk wonten
ngarso dalem junjungan kito nabi Agung Muhammad SAW ingkang pinangka uswatun khasanah ugi ingkang saget kito tenggo
menggah lumebering syafaat wiwit meniko wekdal ngantos illa yaumil kiyamah .
Amin allahuma amin
Poro pinarak kakung soho putri ingkang
dahat kinurmatan ,ing siang meniko kulo kajibah ndereaken lampahing adicoro pengetan isra’ mi’raj Nabi agung Muhammad SAW 27 rajab 1438 H
Sakderengipun adicara menika kalampah
kepareng badhe kulo aturaken adicara satunggal mboko satunggal.:
1. Adicara angka setunggal nuwun inggih pambuko
kanthi waosan umul kitab.
2. Adicara angka kalih nuwun inggih kumandanging
ayat-ayat suci al-quranul karim ingkang samangkih badhe kawaos dening sederek
Erna Kurnia.
3. Adicara angka tiga nuwun inggih atur
pambagyo saking ketua pabitia isra’ mi’raj .
4. Adicara angka sekawan nuwun inggih
sambutan saking bapak kepala desa barukan .
5. Adicara angka gangsal nuwun inggih
kreativitas nasyid lan rebana Al-hikmah.
6. Adicara angka enem nuwun inggih inti
pengaosan ingkang samangkih badhe kabeberaken dwning al-mukarom Ibu Nyai
Saripah.
Mekaten menggah rerakitaning adicara
ingkang badhe kalampah .Dhumateng poro rawuh sedoyo kasuwun pinarak kanti merdikaning
penggalih dumugi purnaning gati .
Hadirin
walhadirat rahimakumullah monggo adicara ing
siang puniko enggal kawiwitan kanti umul kitab kulo dereaken . Liridoillahi
walisyafaati rasulillahi lahumul fatihah .
Mugi kanti waosan umul kitab sepindah
kala wau pikantuk berkah ridhonipun Allah SWT .Amin Allahuma Amin.
Adicara angka kalih nuwun inggih
kumandanging saperangan kalam wahyu illahi kanti mekaten dhumateng sederek Erna
Kurnia wekdal kaaturaken.Dhumateng para pinarak kasuwun danganing penggalih
midangetaken .suwun
Shodaqallahuladzim .mekaten kumandanging
saperangan kalam wahyu illahi mugi saget nambahi keimanan kita dhumateng Allah
SWT . Amin Allahuma Amin
Dhumateng bapak ibu tamu undangan
ingkang kulo hormati,menggah tumapaking adicara candakipun nuwun inggih atur
pambagyo ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp.Supangat Suryo Utomo katur
panjenenganipun kulo sumanggaaken.
Menggah sambutan saklajengipun nuwun
inggih sambutan saking pemerintah desa Barukan ,dhumateng Bp. H Muhnadzir
,wekdal kacaosaken wonten ngarso . Sumonggo
Mekaten menggah sambutan saking
panjenenganipun bp H Muhnadzir katur panjenenganipun kito aturaken agunging
panuwun.
Para rawuh ingkang minulyo adicara
candakipun nuwun inggih saking santriwan santriwati badhe ngaturaken
kreatifitas nasyid ingkang dipun pimpin panjenenganipun………………
Dhumateng poro rawuh ingkang kulo
hormati kepareng adicara badhe kalajengaken kaliyan pengaosan ingkang badhe
kaaturaken panjenenganipun Ibu Nyai Saripah ingkang mijil saking
Banyubiru,katur panjenenganipun wekdal soho sasono pangandikan kulo
aturaken Sumonggo
Paripurno pengaosan ingkang sampun
kabeberaken dening Ibu Nyai Saripah mugi mbekto manfaat maslahat dhumateng kulo
dalah panjenengan sedoyo . Amin Allahuma
Amin.
Jamaah pengaosan rokhimakumullah
,ndungkap pethiting gati nuwun inggih barokah doa,katur panjenenganipun
………………………… kulo aturaken. Sumonggo
Paripurnaning dongo mratandai purnaning
adicara pengetan isra’ mi’raj Nabi Agung Muhammad SAW ing siang puniko. Ing mriki kulo ingkang tinanggenah ndereaken
lampahing adicoro ing siang meniko ing mbok bilih kathah kalepatan anggen kulo
matur kulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhiripun saking kulo ,Billahitaufik walhidayah wassalamualaikum
wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar