Rio Vian

Kamis, 25 Agustus 2016

Contoh teks pembawa acara halal bi halal bahasa jawa


Assalamualaikum wr. Wb.
          Audzubillahiminassyaitonirrojim bismillahirrahmanirrahim. asolatu wa salaumuriddun ya wadin. Sayyidina wa maulana muhammadin wa ala alihi wa
sohbihi ajma’in. Amma ba’du.
Dumateng poro sesepuh, pinisepuh ingkang dahat pinundi.
          Dumateng poro alim, poro ulama ingkang tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi pinongko penuntun kiblating manembah poro kawulo dasih ingkang luhuring budi.
          Langkung-langkung dumateng panjenenganipun bopo kyai ................... ingkang kito tenggo tenggo maukhidlo khasanahipun.
          Para bapak perangkat, mliginipun dumateng bapak kepala dusun ingkang kawula bekteni.
          Para bapak ibu tamu undangan ingkang winantu sagung pakurmatan.
          Puji syukur tansah kito sanjungaken wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring taufiq hidayah dumateng kito sedoyo sahinggo wonten ing kalodangan siang meniko kito saged makempal wonten acara halal bihalal ing siang meniko kanthi kawontenan sehat mboten kirang satunggal menopo.
          Sholawat sarto salam kunjuk wonten ngarso dalem junjungan kito nabi agung muhammad saw ingkang minongko uswatun khasanah ugi ingkang kito tenggo menggah lumebering syafaat wonten illa yaumil kiamah, amin allohuma amin.
          Wonten ing siang meniko kawulo kajibah maosaken menggah urut reroncening adicoro pengaosan dalam rangka halal bihalal warga RT wolu tahun setunggal ewu sekawan atus tigang doso pitu
Poro bapak ibu tamu undangan ingkang kawulo hormati. Menggah urut reroncening adicoro ingkang badhe kalampah nuwun inggih :

1.     adicara ingkang sepindah pembikaan
2.     adicara kaping kalih waosan ayat suci alQuran
3.     adicara kaping tiga sambutan utawi prakata saking ketua panitia Bapak Marno
4.     adicara kaping sekawan kasiget sakantawis saperlu paring pakurmatan kaping setunggal
5.     Adicara kaping gangsal sambutan saking pemerintahan ing mriki kawulo suwunaken Bapak Kadus Supangat Suryo Utomo
6.     Adicara kaping enem inti pengaosan soho doa
7.     Penutup
Gegandengan wekdal ingkang sampun sak antawis siang, pramilo monggo adicoro enggal kita wiwiti kanthi waosan umul kitab. Liridhoilah wa li syafaati rossulillah lahumul fatihah
Mugi kanthi waosan umul kitab kala wau sageto nglancaraken adicoro pengaosan ing siang meniko.
Adicoro ongko kalih nuwuninggih kumandanging waosan ayat suci al-quran ingkang badhe kakumandangaken sederek kula .............dumateng .................. kawulo sumanggakaken.
Shodaqallahul’adzim 3x
Dhumateng sedherek kulo…….dipun aturi  matur nuwon, mugi-mugi kanthi lantunan ayat suci Al-qur’an wau ingkang maos lan mireng pikantos pahala saking Allah SWT, amin amin yarabbal alamin
Para bapak ibu ingkang kawulo hormati, dumawah adicoro saklajengipun nuwun inggih sambutan- sambutan
Sambutan kaping pisan saking ketua panitia halal bi halal ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp .................Dumateng.................. wekdal lan panggenan kawulo aturaken.
Matursuwun, Mekaten sambutan saking ketua panitia halal bihalal ingkang kasalirani dening Bp .......................
Sakderengipun adicoro kalajengaken, badhe kito sigek sak entawis wonten ing wekdal meniko kawulo aturaken dumateng hadroh rebana al hikmah.
 Katur hadroh remus al hikmah kawulo sumanggakaken............
Dhumateng poro bapak ibu para rawuh ,kawulo lajengaken adicara saklajengipun inggih punika Sambutan ongko kaleh,inggoh punika saking pemerintah desa barukan, katur panjenenganipun Bp ................ kawula sumanggakaken.
Matursuwun, Mekaten sambutan saking pemerintah desa barukan ingkang kasalirani Bp......................
Para rawuh ingkang kawulo hormati, menggah tumapaking adicoro candaipun nuwun inggih inti pengaosan ingkang badhe kaaturaken panjenenganipun bp kyai ...................  sumrambah doanipun pindah.
Ananging sakderengipun wekdal kawula aturaken ing mriki kawula ingkang tinaggenah nderekaken menggah lampahing adicoro pengaosan dalam rangka halal bihalal ing siang meniko manggih kalepatan anggen kawulo matur kawulo nyuwun pangapunten. kawulo ngaturaken taqabalallahu minna wa minkum minal aidzin wal faidzin nyuwun ngapunten sedoyo kalepatan lahir menopo batin.

Akhiripun saking kawulo billahi taufik wal hidayah wassalamualaikum wr wb.
Katur panjenenganipun wekdal saha sasono pangandikan kawulo aturaken.

Contoh Teks Pembawa Acara Kuliah subuh bahasa jawa




السلام عليكم ورحمةالله وبركاته
اَعُوذبِاالله مِنَ الشَّيطاَ نِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ.
اَلحَمْدُلله رَبِّ العَالَمِينَ وَالصَّلاَةُوَالسَّلاَمُ عَلىَ اشُرَ فِ الْعَنْبِيَا ءِوَالْمُرْ سَلِيْن.
سَيِّدِ نَا وَمَوْﻼَنَا مُحَمَّدٍ.وَعَلَى آلِهٖ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِينَ.﴿اَمَّابَعْدُ﴾

Assalamualaikum wr.wb.
(A’udzubillahiminasaitonirojim bismillahirohmanirohim Alhamdulillahirabil alamin washolatu wasalamu’ala asrofil anbiya’i wal mursalin,sayidina wa maulana Muhammadin wa ala alihi wa sohbihi ajma’in . Ama Ba’du)

Ingkang kawulo hormati poro alim poro kyai, poro sepuh pini sepuh ingkang tansah kaulo dere’aken fatwa soho nasihatipun, wabil khusus dhumateng panjenenganipun Bopo Kyai…..engkang mijil saking........ingkang kito tenggo-tenggo maukhidoh khasanah lan barokah do’a nipun, ingkang kawulo hormati imam masjid lan sedoyo pengurusipun, serto Bopo, Ibu hadirin jamaah kuliah subuh ramadhan ingkang kawulo hormati ugi, mboten kesupen sedoyo rencang remaja Barukan ingkang tansah kawulo bangga aken.

Sepindah monggo sesarengan raos puji syukur kehadirat Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lan rahmat dhateng kito sedoyo, sehinggo kito saged angrawuhi wonten acara pengaosan kuliah subuh ramadhan ingkang mboten wonten alangan satunggal punopo. Shalawat serto salam mugiyo tetep tercurah dumatheng junjungan kito Nabi  Agung Muhammad SAW soho keluargo lan sahabatipun, mugiyo syafaatipun saged lumeber dhateng kito sedoyo mbenjang  dinten kiamat, Amin Allahumma Amin.

Kangge nyingkat wekdalipun kulo badhe maos tertib acara:
Sepindah: pembikaan, dipun lajengaken acara kaping kalih waosan ayat suci Al-qur’an, acara ingkang kaping tigo acara inti maukhidloh khasanah lan do’a
Monggo sesarengan kito bika’ acara sepindah kanthi waosan ummul kitab
Lirridho illah wali syafa’atirrosulillah lahumul faatihah...............
Mugi-mugi kanthi waosan ummul kitab wau saged lancaraken acara wonten enjing meniko.

Dipun lajengaken acara kaping kalih waosan ayat suci Al-qur’an ingkang badhe kawaos dening sedherek kulo …..wekdal lan panggenanipun kaulo sumangga aken.
Shodaqallahul’adzim 3x
 Dhumateng sedherek kulo…….dipun aturi  matur nuwon, mugi-mugi kanthi lantunan ayat suci Al-qur’an wau ingkang maos lan mireng pikantos pahala saking Allah SWT, amin amin yarabbal alamin.
            Acara ingkang kaping tigo acara inti maukhidho khasanah ingkang badhe kasariro dening panjenenganipun Almukarom Bpk kyai …. Engkang mijil saking.......
Ananging sakderengipun,kulo ngaturi pengumuman bilih insyaallah al-mukarom mbenjang enjing puniko badhe kasariro dening Bopo kyai......engkang mijil saking......
   kulo minangkani pranotocoro mbo’bileh wonten klenta-klentu tembung anggene mimpen adicoro, kulo pribadi nyuwon anggene pangapunten ingkang sa’katah-katahipun, akhirul kalam


وَالسَّلاَ مُ عَلَيكُمْ وَ رَحْمَة الله وَبَرَكاَ تُه

Dhumateng panjenenganipun Bopo kyai/ustad….wekdal lan panggenanipun kaulo sumangga aken lan dipun suwon kanthi barokah do’anipun.

Contoh Teks Pembawa acara buka bersama bahasa jawa





السلام عليكم ورحمةالله وبركا ته
بسم الله الرّحمن الرّحيم اَلحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعالَمِيْنَ. اَشْهَدُ اَن لاَّاِلٰهَ اِلاَّالله وحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهْ وَاَشْهَدُاَنَّ مُحَمّدًاعَبْدُهُ وَرُسُوْلُهْ. وَالصَّلاَةُوَالسَّلَامُ عَلَى رَسُوْلِ الله سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اِبْنِ عَبْدِالله لاَ نَبِيَّ بَعْدَه وَقَالَ اللهُ تَعَالىَ فِى كِتَا بِهِ الْكَرِيْمِ "


-          Ingkang tansah kinurmatan lan tansah kaula tengga-tengga fatwanipun panjenenganipun bpk .......
-          Ingkang kinurmatan panjenenganipun……
-          Ingkang kinurmatan takmir mushola/masjid…................., panjenenganipun bpk..................
-          para remaja putra saha putri desa Barukan ingkang dipun mulyakaken Allah swt.
Wonten ing kalodangan ingkang barakah menika, sumangga kita tansah ngunjukaken puja lan puji syukur wonten ing ngarsa dalem Allah swt. Ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dumateng kita sedoyo, khususipun nikmat iman lan islam. Katitik kita tasih kepanggih wonten majlis menika kangge derek buka bersama kanti wilujeng sehat walafiat.
Salawat saha salam mugia kaatur, kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad  SAW.
بقو لنا اللهم صل وسلم على سيد نا محمد صـم
kanti waosan salawat  meniko mugia kita angsal syafa’atipun benjang wonten yaumil kiamat. Amin
Para rencang-rencang ingkang kawula hormati. Wonten ing mriki kula ingkang kajibahan minangkani pranata acara badhe ngaturaken reraciing acara buka bersama punika.
-adicara ingkang sepindah pembikaan
- kaping kalih waosan ayat suci alQuran
-adicara kaping tiga atur pambagio utawi sambutan
-adicara kaping sekawan waosan tahlil
-adicara kaping lima moidzoh hasanah lan doa
Mekaten kala wau reruncening acara buka bersama, Sumangga acara punika kita bikak kanti waosan umul kitab sesarengan, kaula derekaken
لِرِضَاءِاللهَ وَبِشَفَاعَتِهِ مُحَمَّدِصـم الفَاتحح..
Matur nuwun kula aturaken, mugio kanti waosan suratul fatikhah kala wau,  acara menika saget lumampah kanti lancar, wilujeng ngantos paripurnanipun.
 Lumampah adicara kaping kaleh nuwun inggih waosan kalam illahi, ingkang dipun slirani dening panjenenganipun......, dumateng panjenenganipun kanti pakhurmatan kaula sumanggakaken.
صدق الله العظىم وصدق رسوله الكريم واناان شاءالله على ذلك من الشاهدين
Mugi-mugi waosan kalam illahi kalawau saget paring manfaat dumateng kita sedoyo. Amin
Para hadirin ingkang minulyo, adicara ingkang kaping tiga nuwun inggih atur pambagyo utawi sambutan; Sambutan ingkang pertama badhe kaaturaken saking takmir mushola/masjid……., Dumateng panjenenganipun kaulo sumanggakaken...... .Matur nuwun. Sambutan ingkang kaping kalih inggih punika bade kaaturaken dening ..............minangka ketua panitia buka bersama Desa Barukan, Dumateng panjenenganipun kaulo sumanggakaken kanti khurmat.,....
Matursuwun.
Rencang-rencang remaja desa Barukan ingkang kawula tresnani.
Adicara saklajengipun inggih punika,waosan dzikir tahlil ingkang bade kapimpin dening sedherek kulo........... wekdal saha panggenan kawula aturaken sumangga.
Semanten waosan dzikir tahlil. mugi-mugi ahli waris kula panjenengan sedaya tansah dipun paringi pangapunten lan pikantuko panggenan ingkang sae wonten ngarsa Allah SWT. Amin,,,
Kalajengaken acara ingkang kaping lima inggih punika  moidzoh hasanah sekalian doanipun, ingang kasuwonaken dumateng panjenenganipun rama kyai............. Ananging sakderengipun kula minangkani pranotocoro wiwit awal ngantos akhir anggenipun mimpin adicoro katah kalepatan lan kekirangan, kirang toto trap silaning tembung lan tingkah kula nyuwun agunging samudro pangaksama.
اخرالكلام باالله تو فق والهديه والرّضاوالعنايه
عليكم ورحمةالله وبركا تهوالسلام
dumateng panjenenganipun rama kyai……….. kanti pakhurmatan kaula sumanggakaken.