Rio Vian

Jumat, 07 September 2018

Contoh Teks Pembawa Acara Maulid Nabi Bahasa Jawa




Assalamualaikum wr. Wb.
          Audzubillahiminassyaitonirrojim bismillahirrahmanirrahim. asolatu wa salaumuriddun ya wadin. Sayyidina wa maulana muhammadin wa ala alihi wa
sohbihi ajma’in. Amma ba’du.
Dumateng poro sesepuh, pinisepuh ingkang dahat pinundi.
          Dumateng poro alim, poro ulama ingkang tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi pinongko penuntun kiblating manembah poro kawulo dasih ingkang luhuring budi.
          Langkung-langkung dumateng panjenenganipun bopo kyai Asrofi ingksnmg mijil saking Terban, ingkang kito tenggo tenggo maukhidlo khasanahipun.
          Dhumateng para bapak perangkat, mliginipun dumateng bapak kepala dusun Barukan ingkang kawula bekteni.
          Dhumateng Para bapak ibu ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Poro remajawan remajawati soho adik-adik santriwan santriwati ingkang kulo tresnani ugi.
          Puji syukur tansah kito sanjungaken wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring taufiq hidayah dumateng kito sedoyo sahinggo wonten ing kalodangan siang meniko kito saged makempal wonten adicara pengetan maulid nabi ing siang meniko kanthi kawontenan sehat mboten kirang satunggal menopo.
          Sholawat ugi salam kunjuk wonten ngarso dalem junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang minongko uswatun khasanah ugi ingkang kito tenggo menggah lumebering syafaat wonten illa yaumil kiamah, amin allohuma amin.
          Wonten ing siang meniko, kawulo kajibah maosaken menggah urut reroncening adicoro pengetan maulid nabi Muhammad SAW setunggal ewu sekawan atus tigang doso songo Hijriah.
Poro bapak ibu tamu undangan ingkang kawulo hormati. Menggah urut reroncening adicoro ingkang badhe kalampah nuwun inggih :

1.     adicara ingkang sepisan inngih punka pembikaan kanthi waosan umul kitab.
2.     adicara angka kalih nuwun inggih waosan ayat suci al-Quranul Karim ingkang samangkih badhe kawaos dening sederek ………….
3.     adicara kaping tiga inggih punika atur pambagyo saking ketua panitia Bapak Sarman.
4.     Adicara kaping sekawan nuwun inggih gangsal sambutan saking pemerintahan . Ing mriki kasuwun dening bapak……………..
5.     Adicara kaping gangsal inggih punika inti pengaosan ingkang samangkih badhe kabeberaken dening al-mukarom bopo kyai Asrofi
6.     Adicara angka enem nuwun inggih Doa soho Panutup.
Hadirin walhadirat rahimakumullah, gegandengan wekdal ingkang sampun sak antawis siang, pramilo monggo adicoro enggal kita wiwiti kanthi waosan umul kitab. Liridhoilah wa li syafaati rossulillah lahumul fatihah
Mugi kanthi waosan umul kitab kala wau sageto nglancaraken adicoro pengaosan ing siang meniko. Amin Allahuma Amin.
Adicoro ongko kalih nuwun inggih kumandanging waosan ayat suci al-quran ingkang badhe kakumandangaken sederek ............. dumateng sederek.................. kawulo sumanggakaken.
Shodaqallahul’adzim
Dhumateng sedherek ……….dipun aturi  matur nuwun, mugi-mugi kanthi lantunan ayat suci Al-qur’an wau ingkang maos lan mireng pikantos pahala saking Allah SWT, amin amin yarabbal alamin
Para bapak ibu ingkang kawulo hormati, dumawah adicoro saklajengipun nuwun inggih atur pambagyo
Atur pambagyo kaping pisan saking ketua panitia, ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp Sarman, Dumateng panjeneganipun wekdal soihoi panggenan kawulo aturaken.
Matursuwun dhumateng bp Sarman ingkang sampun kepareng ngaturaken atur pambagyo
Dhumateng poro bapak ibu para rawuh ,kawulo lajengaken adicara saklajengipun inggih punika atur pambagyo angka kalih,inggih punika saking pemerintah dusun barukan, katur panjenenganipun Bp ................ kawula sumanggakaken.
Matursuwun, Mekaten atur pambagyo saking pemerintah desa barukan ingkang kasalirani Bp......................
Para rawuh ingkang kawulo hormati, menggah tumapaking adicoro candaipun nuwun inggih inti pengaosan ingkang badhe kaaturaken panjenenganipun bp kyai Asrofi ingkang mijil saking Terban , sumrambah kasuwun doanipun pindah.
Ananging sakderengipun wekdal kawula aturaken, ing mriki kawula ingkang tinanggenah nderekaken menggah lampahing adicoro pengetan maulid nabi ing siang meniko manggih kalepatan anggen kawulo matur, kawulo nyuwun agunging pangapunten.

Akhiripun saking kawulo billahi taufik wal hidayah wassalamualaikum wr wb.
Katur panjenenganipun wekdal saha sasono pangandikan kawulo aturaken. Sumonggo

Contoh teks pembawa acara Isra Miraj Bahasa Jawa


Assalamualaikum Wr.Wb.
Katur poro pepunden pinisepuh soho sesepuh ingkang tuhu kinabekten. Dhumateng poro alim poro ulama  poro kyai ingkang pantes kapiji pinongko pangarsaning agami.
Mliginipun dhumateng almukarom Ibu Nyai Saripah ingkang mijil saking Banyubiru ingkang kito tenggo Makhido khasanahipun.
Dhumateng bpk. Kepala Desa Barukan Bpk H.Muhnadzir soho abdi cundokonipun ingkang pinangka pengendalining ing laladan desa Barukan ingkang winantu sakung pakurmatan.
Dhumateng poro pinarak kakung soho putri ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Langkung rumiyin sumonggo kita tansah munjuaken raos pujo miwah puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun pareng pinten pinten kanikmatan soho karohmatan dhumatheng kito sedoyo khususipun nikmat iman lan islam katitik wonten ing kalodangan siang meniko kito saget angrawuhi majelis taklim meniko .
Sholawat ugi salam tansah kunjuk wonten ngarso dalem junjungan kito nabi Agung Muhammad SAW ingkang pinangka uswatun khasanah ugi ingkang saget kito tenggo menggah lumebering syafaat wiwit meniko wekdal ngantos illa yaumil kiyamah . Amin allahuma amin
Poro pinarak kakung soho putri ingkang dahat kinurmatan ,ing siang meniko kulo kajibah ndereaken lampahing adicoro pengetan isra’ mi’raj Nabi agung Muhammad SAW 27 rajab 1438 H
Sakderengipun adicara menika kalampah kepareng badhe kulo aturaken adicara satunggal mboko satunggal.:
1.      Adicara angka setunggal nuwun inggih pambuko kanthi waosan umul kitab.
2.      Adicara angka kalih nuwun inggih kumandanging ayat-ayat suci al-quranul karim ingkang samangkih badhe kawaos dening sederek Erna Kurnia.
3.      Adicara angka tiga nuwun inggih atur pambagyo saking ketua pabitia isra’ mi’raj .
4.      Adicara angka sekawan nuwun inggih sambutan saking bapak kepala desa barukan .
5.      Adicara angka gangsal nuwun inggih kreativitas nasyid lan rebana Al-hikmah.
6.      Adicara angka enem nuwun inggih inti pengaosan ingkang samangkih badhe kabeberaken dwning al-mukarom Ibu Nyai Saripah.
Mekaten menggah rerakitaning adicara ingkang badhe kalampah .Dhumateng poro rawuh sedoyo kasuwun pinarak kanti merdikaning penggalih dumugi purnaning gati .
Hadirin walhadirat rahimakumullah monggo adicara ing siang puniko enggal kawiwitan kanti umul kitab kulo dereaken . Liridoillahi walisyafaati rasulillahi lahumul fatihah .
Mugi kanti waosan umul kitab sepindah kala wau pikantuk berkah ridhonipun Allah SWT .Amin Allahuma Amin.
Adicara angka kalih nuwun inggih kumandanging saperangan kalam wahyu illahi kanti mekaten dhumateng sederek Erna Kurnia wekdal kaaturaken.Dhumateng para pinarak kasuwun danganing penggalih midangetaken .suwun
Shodaqallahuladzim .mekaten kumandanging saperangan kalam wahyu illahi mugi saget nambahi keimanan kita dhumateng Allah SWT . Amin Allahuma Amin
Dhumateng bapak ibu tamu undangan ingkang kulo hormati,menggah tumapaking adicara candakipun nuwun inggih atur pambagyo ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp.Supangat Suryo Utomo katur panjenenganipun kulo sumanggaaken.
Menggah sambutan saklajengipun nuwun inggih sambutan saking pemerintah desa Barukan ,dhumateng Bp. H Muhnadzir ,wekdal kacaosaken wonten ngarso . Sumonggo
Mekaten menggah sambutan saking panjenenganipun bp H Muhnadzir katur panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun.
Para rawuh ingkang minulyo adicara candakipun nuwun inggih saking santriwan santriwati badhe ngaturaken kreatifitas nasyid ingkang dipun pimpin panjenenganipun………………
Dhumateng poro rawuh ingkang kulo hormati kepareng adicara badhe kalajengaken kaliyan pengaosan ingkang badhe kaaturaken panjenenganipun Ibu Nyai Saripah ingkang mijil saking Banyubiru,katur panjenenganipun wekdal soho sasono pangandikan kulo aturaken  Sumonggo
Paripurno pengaosan ingkang sampun kabeberaken dening Ibu Nyai Saripah mugi mbekto manfaat maslahat dhumateng kulo dalah panjenengan sedoyo . Amin Allahuma Amin.
Jamaah pengaosan rokhimakumullah ,ndungkap pethiting gati nuwun inggih barokah doa,katur panjenenganipun ………………………… kulo aturaken.  Sumonggo
Paripurnaning dongo mratandai purnaning adicara pengetan isra’ mi’raj Nabi Agung Muhammad SAW ing siang puniko. Ing mriki kulo ingkang tinanggenah ndereaken lampahing adicoro ing siang meniko ing mbok bilih kathah kalepatan anggen kulo matur kulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhiripun saking kulo ,Billahitaufik walhidayah wassalamualaikum wr.wb.