Rio Vian

Kamis, 25 Agustus 2016

Contoh Teks Pembawa Acara Kuliah subuh bahasa jawa




السلام عليكم ورحمةالله وبركاته
اَعُوذبِاالله مِنَ الشَّيطاَ نِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ.
اَلحَمْدُلله رَبِّ العَالَمِينَ وَالصَّلاَةُوَالسَّلاَمُ عَلىَ اشُرَ فِ الْعَنْبِيَا ءِوَالْمُرْ سَلِيْن.
سَيِّدِ نَا وَمَوْﻼَنَا مُحَمَّدٍ.وَعَلَى آلِهٖ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِينَ.﴿اَمَّابَعْدُ﴾

Assalamualaikum wr.wb.
(A’udzubillahiminasaitonirojim bismillahirohmanirohim Alhamdulillahirabil alamin washolatu wasalamu’ala asrofil anbiya’i wal mursalin,sayidina wa maulana Muhammadin wa ala alihi wa sohbihi ajma’in . Ama Ba’du)

Ingkang kawulo hormati poro alim poro kyai, poro sepuh pini sepuh ingkang tansah kaulo dere’aken fatwa soho nasihatipun, wabil khusus dhumateng panjenenganipun Bopo Kyai…..engkang mijil saking........ingkang kito tenggo-tenggo maukhidoh khasanah lan barokah do’a nipun, ingkang kawulo hormati imam masjid lan sedoyo pengurusipun, serto Bopo, Ibu hadirin jamaah kuliah subuh ramadhan ingkang kawulo hormati ugi, mboten kesupen sedoyo rencang remaja Barukan ingkang tansah kawulo bangga aken.

Sepindah monggo sesarengan raos puji syukur kehadirat Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lan rahmat dhateng kito sedoyo, sehinggo kito saged angrawuhi wonten acara pengaosan kuliah subuh ramadhan ingkang mboten wonten alangan satunggal punopo. Shalawat serto salam mugiyo tetep tercurah dumatheng junjungan kito Nabi  Agung Muhammad SAW soho keluargo lan sahabatipun, mugiyo syafaatipun saged lumeber dhateng kito sedoyo mbenjang  dinten kiamat, Amin Allahumma Amin.

Kangge nyingkat wekdalipun kulo badhe maos tertib acara:
Sepindah: pembikaan, dipun lajengaken acara kaping kalih waosan ayat suci Al-qur’an, acara ingkang kaping tigo acara inti maukhidloh khasanah lan do’a
Monggo sesarengan kito bika’ acara sepindah kanthi waosan ummul kitab
Lirridho illah wali syafa’atirrosulillah lahumul faatihah...............
Mugi-mugi kanthi waosan ummul kitab wau saged lancaraken acara wonten enjing meniko.

Dipun lajengaken acara kaping kalih waosan ayat suci Al-qur’an ingkang badhe kawaos dening sedherek kulo …..wekdal lan panggenanipun kaulo sumangga aken.
Shodaqallahul’adzim 3x
 Dhumateng sedherek kulo…….dipun aturi  matur nuwon, mugi-mugi kanthi lantunan ayat suci Al-qur’an wau ingkang maos lan mireng pikantos pahala saking Allah SWT, amin amin yarabbal alamin.
            Acara ingkang kaping tigo acara inti maukhidho khasanah ingkang badhe kasariro dening panjenenganipun Almukarom Bpk kyai …. Engkang mijil saking.......
Ananging sakderengipun,kulo ngaturi pengumuman bilih insyaallah al-mukarom mbenjang enjing puniko badhe kasariro dening Bopo kyai......engkang mijil saking......
   kulo minangkani pranotocoro mbo’bileh wonten klenta-klentu tembung anggene mimpen adicoro, kulo pribadi nyuwon anggene pangapunten ingkang sa’katah-katahipun, akhirul kalam


وَالسَّلاَ مُ عَلَيكُمْ وَ رَحْمَة الله وَبَرَكاَ تُه

Dhumateng panjenenganipun Bopo kyai/ustad….wekdal lan panggenanipun kaulo sumangga aken lan dipun suwon kanthi barokah do’anipun.

1 komentar:

  1. Play Blackjack, Cards and Dice at Mohegan Sun Pocono
    Play Blackjack, Cards and Dice 천안 출장안마 at Mohegan 구리 출장샵 Sun Pocono for 충청남도 출장마사지 real money at MapYR.com. Play Blackjack, Cards and 경상남도 출장마사지 Dice at Mohegan Sun Pocono. 천안 출장안마

    BalasHapus